Obahan Non-Blok (GNB) (basa Inggris: Non-Aligned Movement/NAM) iku organisasi internasional sing dumadi saka punjul 100 nagara-nagara sing ora nganggep duwé aliansi karo utawa marang blok kakuwatan gedhé sing endi waé. Tujuan saka organisasi iki, kaya sing kacetha ing Deklarasi Havana taun 1979, ya iku kanggo njamin "kamardikan, kadhaulatan, integritas teritorial, lan kaamanan nagara-nagara nonblok" sajeroning perjuangan nentang imperialisme, kolonialisme, neo-kolonialisme, apartheid, Zionisme, rasisme lan wangun agresi militèr liyané, pendhudhukan, dominasi, interferensi utawa hegemoni lan nentang warna-warna wangun blok pulitik.[1] Mereka merepresentasikan 55 persèn penduduk donya dan hampir 2/3 keangotaan PBB. Nagara-nagara yang telah menyelenggarakan konferènsi tingkat tinggi (KTT) Non-Blok kalebu Yugoslavia, Mesir, Zambia, Aljazair, Sri Lanka, Kuba, India, Zimbabwe, Indonésia, Kolombia, Afrika Kidul lan Malaysia.
Anggota-anggota wigati antarané Yugoslavia, India, Mesir, Indonésia, Pakistan, Kuba, Kolombia, Venezuela, Afrika Kidul, Iran, Malaysia, lan kanggo siji mangsa, Républik Rakyat Cina. Sanadyan organisasi iki dimaksudaké supaya dadi aliansi sing raket kaya déné NATO utawa Pakta Warsawa, nagara-nagara anggotané ora naté duwé karaketan kaya sing dikarepaké lan akèh anggotané sing sidané diajak aliansi déning salah siji nagara-nagara adidaya mau. Upamané, Kuba duwé gegayutan sing cedhak karo Uni Soviet ing mangsa Perang Dingin. Utawa India sing duwé pasekuton karo Uni Soviet kanggo nglawan Tiongkok sajeroning sawatara taun. Luwih luwih manèh, ana sawatara anggota malah kalibat konflik karo anggota liyané, kaya umpamané konflik antara India karo Pakistan, Iran karo Irak. Obahan iki tau pecah nalika Uni Soviet nginvasi Afghanistan ing taun 1979. Nalika iku, kabèh sekuthu Soviet njurung invasi, sauntara iku anggota GNB, mligi nagara kanthi mayoritas muslim, ora mungkin amarga anané prajanjèn nonintervensi.